SamangsaPanjenengane wus masrahake sarirane minangka kurban panebusing dosa, bakal mirsani tedhak turune, yuswane bakal panjang, sarta karsaning Yehuwah bakal tumindak sarana astane. JAV: Kitab Sutji . Version. Cancel. Bible Language Basa Jawa. Change Language {{#items}} {{local_title}}
37Yusuf lan para sadulure371-11 1Anadene Rama Yakub iku pamanggene ana ing tanah tilas pamanggone kang rama neneka, iya iku ing tanah Kanaan. 2Iki critane tedhak-turune Rama Yakub. Yusuf nalika umur pitulas taun, dadi isih enom, kulina angon raja-kaya bebarengan karo sadulur-sadulure, anake Bilha lan Zilpa garwane kang rama, sarta Yusuf iku ngaturake marang kang ramane bab pialane para sadulure. 3Rama Israel anggone ngasihi Yusuf ngluwihi para sadulure liyane kabeh, marga Yusuf iku laire nalika Rama Yakub wus sepuh; sarta Yusuf digawekake jubah kang becik banget. 4Bareng sadulure padha ngreti yen kang rama anggone ngasihi Yusuf kinacek karo liyane, temah Yusuf disengiti lan ora gelem ngaruh-aruhi klawan ulat sumeh. 5Ing sawijining dina Yusuf ngimpi, impene mau banjur dicaritakake marang para sadulure, temah sadulure saya mundhak maneh sengite. 6Marga celathune marang para sadulure “Coba rungokna impen kang dakimpekake iki 7Aku lan kowe lagi padha mbenteli gandum ana ing pategalan; bentelanku nuli ngadeg jejeg, dene bentelanmu banjur padha teka ngubengi lan sujud nyembah marang bentelanku.” 8Ing kono para sadulure padha ngucap “Apa kowe kepengin ngratoni aku iki kabeh?” Temahan saya mundhak maneh sengite jalaran saka impene lan tembunge iku. 9Yusuf banjur ngimpi maneh, iku iya dicaritakake marang para sadulure, pangucape “Lah aku ngimpi maneh Srengenge, rembulan sarta lintang sawelas padha katon sujud lan nyembah ana ngarepku.” 10Bareng bab iki dicaritakake marang kang rama lan para sadulure, temah didukani dening kang rama “Impen apa ta impenmu iku? Mangsa ta yen aku, ibumu lan para sadulurmu bakal padha sumungkem ing bumi ana ing ngarepmu?” 11PR 79Sadulur-sadulure dadi padha ewa marang Yusuf, nanging kang rama nyathet iku ing sajroning didol menyang tanah Mesir3712-36 12Ing sawijining dina para sadulure padha angon raja-kayane kang rama ana ing jajahan Sikhem. 13Rama Israel tumuli ngandika marang Yusuf “Kamas-kamasmu rak lagi padha angon raja-kaya ana jajahane Sikhem. Mulane kowe dakkongkon niliki mrana!” Ature Yusuf “Sandika.” 14Banjur pangandikane maneh “Kowe mranaa, tilika kaslametane sadulur-sadulurmu lan kaslametane raja-kaya, mengko aku kandhanana!” Mangkono Rama Yakub anggone utusan Yusuf saka ing lebake Hebron lan banjur wis tekan ing Sikhem. 15Bareng Yusuf lagi mlaku mrana-mrene ana ing ara-ara, banjur kapethuk sawijining wong lanang kang ngaruh-aruhi “Sampeyan madosi punapa?” 16Wangsulane Yusuf “Kula madosi sadherek-sadherek kula, kula mugi sampeyan tedahaken wonten ing pundi anggenipun sami angen?” 17Celathune wong mau “Sampun sami kesah saking ngriki, awit kula mireng anggenipun sami reraosan Payo padha menyang Dhotan.” Dadine Yusuf banjur nusul para sadulure, sarta padha ketemu ana ing Dhotan. 18Saka kadohan Yusuf wus diawasake tekane, sadurunge nyedhak para sadulure mau padha sarujukan golek akal supaya bisaa mateni Yusuf. 19Anggone guneman mangkene “Lah kae delengen, si juru ngimpi kita teka! 20Kang iku payo padha dipateni lan dicemplungake ing salah sijining sumur iku, nuli mengko dikandhakake yen dimangsa kewan galak; mengko kita bakal weruh kapriye kadadeane impene iku.” 21Bareng Ruben krungu kang kaya mangkono, sedyane arep nguwalake Yusuf saka tangane para sadulure, pangucape “Aja nganti kita pateni ta!” 22Pituture Ruben “Aja nganti ngwutahake getih, cemplungna sumur kang ana ing pasamuwan kono bae! Mung aja kokkapak-kapakake!” Iku pamurihe supaya bisa ngluwari Yusuf saka tangane para sadulure lan diulihake marang kang rama. 23Kacarita bareng Yusuf lagi bae tekan ing ngarepe para sadulure, tumuli diuculi jubahe, iya jubah kang endah banget kang lagi dianggo iku. 24Banjur dilarak lan dicemplungake ing sumur. Sumur mau asat, ora ana banyune. 25Sawuse mangkono banjur padha mangan kembulan. Bareng padha ndengengek, weruh ing kadohan ana kapilah bangsa Ismael kang teka saka Gilead, untane padha momot damar, balsem lan blendok lod, arep digawa menyang tanah Mesir. 26Celathune Yehuda marang para sadulure “Untunge apa yen kita mateni adhi kita lan ndhelikake getihe? 27Payo padha didol bae marang wong Ismael kae, nanging aja nganti kita kapak-kapakake, marga iku sadulur kita, kulit daging kita.” Sadulure padha manut kabeh. 28PR 79Kacarita nalika ana sudagar-sudagar Midian liwat, Yusuf dientasake saka ing jero sumur, lan didol marang wong Ismael, payu rong puluh sekel salaka; Yusuf banjur digawa menyang ing tanah Mesir. 29Bareng Ruben mbaleni sumur mau, tetela Yusuf wus ora ana ing jero sumur, tumuli nyuwek-nyuwek panganggone. 30Banjur mbaleni para sadulure, pangucape “Bocahe wus ora ana, lah aku menyang ngendi paranku?” 31Sawuse mangkono banjur padha njupuk jubahe Yusuf lan nyembeleh wedhus, lan jubahe dicelupake ing getihe. 32Jubah kang endah banget mau dikirimake katur kang rama, kanthi diweling mangkene “Punika anggen kula sami manggih. Sumangga, bapak kula aturi nitik, punika jubahipun ingkang putra punapa sanes?” 33Bareng Rama Yakub niti-priksa jubah mau, nuli ngandika “Iki jubahe anakku, mesthi anakku wus dimangsa ing sato galak lan wus disempal-sempal.” 34Rama Yakub banjur nyuwek-nyuwek jubahe, sarta ngagem bagor diubedake ing bangkekane apadene gawe patangisan nganti pirang-pirang dina, marga saka putrane mau. 35Para putrane kakung lan putri padha sumedya nglipur, nanging ora kersa dilipur, pangandikane “Ora! Aku tetep sedhih, nganti aku wus mudhun nusul anakku menyang ing teleng palimengan.” Mangkono Rama Yakub anggone muwuni Yusuf putrane. 36Anadene Yusuf didol dening wong Midian mau menyang ing tanah Mesir, marang Sang Potifar, punggawane Sang Prabu Pringon, panggedhening prajurit tamtama. Javanese Bible © Indonesian Bible Society, More About Kitab Sutji
Parapandhawa iku tedhak turune .. - 42807070 linaanimah1 linaanimah1 13.08.2021 B. Daerah Sekolah Dasar terjawab Para pandhawa iku tedhak turune .. b.prabu kresna c.prabu salya d.prabu duryudana 2 Lihat jawaban Iklan Iklan
Oleh Dr. Purwadi, Ketua Lembaga Olah Kajian Nusantara LOKANTARA, hp. 087864404347 Jajar-jinajar desa-desa ing sakukubab nganggo jeneng tembang Mojo. Miturut carita kuna makuna desa-desa mau pancen sing paring tetenger para priyagung Kraton Majapahit. Nalika Prabu Jayanegara makuwon ing tlatah Bedhandher Bojonegoro, nglegakake ameng-ameng ing wilayah sakidule gunung Kendheng. Supaya bisa kanggo tinggalan putra wayah, semarga-marga banjur paring nama laladan kang den ambah. Ana sawijining desa sing diparingi tenger Mojo rembun, Mojogrogol, Mojoalas, Mojokare, Mojongadi, Mojobolu, Mojoroto, Mojoulingo, Mojoreco, Mojokedheg, Mojourip, Mojorejo, Mojosuko, Mojokampu. Meh kabeh sakecamatan Rejon kabupaten Nganjuk, papan kono antuk gelar Mojo. Mesthi wae kanggo wong-wong saiki, peparing saka miyagung Majapahit mau maweh bebungah kang tanpa pepindhan gedhene. Arang-arang dhaerah sing pikantuh kamulyan arupa jeneng mau, mula saben warga rumangsa gedhe atine, kebombong amarga wilayahe mlebu perangane sejarah. Apa maneh yen sing maringi mau Narendra Majapahit kang sayekti kalaka misuwun. Wong-wong padesan mau mesthi banjur mongkok. Rumangsa oleh kanugrahan. Malah ana kang nyebut kewahyon. Raja agung kang lumaksana tarlamtanggawa berkah kang utama. Wong-wong percaya yen ratu iku wakiking Hyang Sukma kang mangejawantah ing marcapande. Desa sing dilewati tindake ratu mesthi mbanyu mili rejekine, mencorong prebawane. Salah sawijining pengawal Prabu Jayanegara sing aran Raden Pringga Ori aweh gladhen marang warga padhusunan. Gladhene arupa dhawuh supaya desa lan wilayah aman saka durjana juti, carane saben desa sisih pinggire ditanduri wit pring. Panjenengane ngajari wong padesan kanthi tlaten suka rena. Amarga sing dhawuh iku manggala yudha peng-pengan, kabeh padha mangestukake. Cilik gedhe anom tua saiyeg saeka praya nandangi karya. Ora antarane suwe, saben desa wis tinanduran pring. Saka kadohan katon ngrembuyung ijo royo-royo, Carang-carang sing mawa eri ditata kanthi becik. Papane sawetara rada dhuwur, bung-bunge tuwuh mrucuk kaya jamur barat. Sayekti pring-pring mau dadi beteng sing njaga marang karaharjane desa. Tentrem ayem tanpa ana sing was sumelang. Pring ori thukul jajar-jajar ngubengi desa. Ing tata gelar barisan pring ori mau prasasat beteng kang bakuh. Carang-carang ditata kanthi becik. Saperangan ditancepke kaya pager. Nambahi santosane beteng dhesa. Kanggone wong jaban rangkah sing tumindak piala mesthi bisa dicegah. Amarga eri-eri sing tumempel ing papringan bakal ngalang-alangi. Ing satengahe grumbul papringan, akeh kewan sabangsane bajing, gurangan, luak lan rase. Bajing seneng mangan klapa. Tanduran klapa ora kober uwoh yen bajing-bajing mau isih sliweran. Untune bajing sing rangah lan landhep kuwat ngrikiti sepet. Ulete sepet pedhot dening siunge bajing. Bathok sing atos uga bisa bolong. Sithik baka sethithik krambil sangsaya entek. Wekasan mung kari sepet lan bathok. Kehing bajing sing ngebyong tanduran klapa, temtu gawe rugi. Kena diarani ama tenan. Pendhak kala mangsa, bocah nom-noman sing kendel tur bagas diajak bebarengan nggropyok bajing. Ana sing nggawa gantar, kanggo nyengget bajing gumandhul. Ana kang tali tampar saperlu kanggo ngencang pang papan panggonane bajing. Diratik lan dioyak-oyak nganti bajing mau gelem pindhah. Playune bajing dioyak nganti kecekel. Ana sing nggawa plinthengan, mimise krikil utawa pringkilan bata. Yen pas kena awake bajing, saknalika klenger utawa mati. Banjur ceblok. Sing seneng daging bajing iku akeh. Malah percaya yen daging bajing kena kanggo tamba gatel. Lara jantung jarene bisa mari sarana mangan lawuh sate bajing. Ujare sing karem mangan daging bajing, daginge pancen enak. Mula ya ora mokal yen ana wong sing dodol daging bajing, Nyatane laris. Saiki kang bakal dirembug yaiku garangan, luwak lan rase. Katelu seneng mangsa daging pitik. Sangger ana pitik kumlintes, kanthi nekad garangan bakal nyaut. Tumuli dikremus ditadah kala mangsa. Luwak uga mengko. Mung dedeg piyadege luwih gedhe. Sangsaya trengginas golek mangsa. Dene rase iku gedhe dhewe ragane, meh-meh gedhene padha karo kirik, galak lan mbebayani. Ing babongan utawa grumbul papringan garangn, luwak lan rase kerjo nggawe rong, katelune ngerong kanggo papan padunungan. Nadyan kewan galak, kewan mau duwe ganda arum, saka kadohan wis katitik wangi, mula luwih gampang gropyokane. Gunane pring ora iku sayekti akeh. Carang, bung lan pring kanggo maneka waarna. Carang racake dienggo pager. Carane nggawe gampang. Cukup di incepake ing leweh, jejer-jejer wis dadi pager. Tanduran sabangsane kacang lembayung perlu lanjaran. Umume lanjaran iku digawe saka carang. Tumrape ibu-ibu kang masak ing pawon, ana sing kayu bakare dijupuksaka carang. Genine gemrubuk mangalat-alat. Dene bung iku kena kanggo sayur jangan bobor. Dikela karo lembayung lan capar, rasane enak tenan. Utawa kanggo kulupan bumbu pecel. Dipangan karo krupuk upil, rasane kumriyak renyah. Mbok-mbok bakul opak pecel, kerep dodolan kuluban bumbung sing dicampur karo krupuk upil. Bumbune sambel pecel. Bumg sing ora kepunggel terus dawa dadi pring. Genep rong taun dawane pring kira-kira bisa tekan 10 meter. Dadi dhuwur banget, saking dhuwure pucuke tumelung. Kena diarani pring iku urip tanpa diupakara. Urip karepe dhewe. Ora perlu rabuk. Ora perlu disiram. Open-openane gampang. Mangsa ketiga lan rendheng tetep urip ngrembuyung. Kapan wae bisa ditegor. Pigunane pring ori kanggo cagak, reng, blandar, usuk, pantek lan gedhek. Omah kang prasaja bisa dicukupi pring. Gubug ing tengah sawah umume digawe saka pring. Piranti liya sing digawe saka pring contone kepang, rinjing, tompo, senik, tumbu, kukusan, dobong lan lincak. Ing karang padesan akeh piranti kang digawe saka pring ori. Maneka warna piranti mau dadi bukti menawa bangsane dhewe iki duwe jatidhiri. Bangsa sing duwe pakaryan. Olah ciptane mbabar wohing panggawe kang migunani tumraping jagad. Rasa bombong sawijining bebrayan amarga ana wewujudan kang nyata. Ora baen-baen, bisane makarya kerana gladhen. Gladhen kang tlaten banjur mahanani panen. Ing kene banjur panen rejeki, panen pangalembana lan panen kondhang. Kabisan lan katrampilan wau diwarisake kanthi turun tumurun. Suwene suwe tambah becik lan endah. Wewangunane pakaryan karengga kaendahan. Akeh bangsa manca kang kapranan. Akeh sing pesen. Akeh sing tuku. Ing kono mau dadi jalaran bangsane misuwur. Arum arane bangsa mesthi wae ndadekake ati mongkok lan bombong. Angin sumilir nemahi pucuk pring, obah ngiwa obah nengen prasasat njoged nuting wirama. Wit tengah gesek lan kancane, swarane ngak-ngik. Kapyarsa saking mandrawa pan yayah swarane suling. Ngumandhang ing awang-awang, ngimbuhi endahing karang padesan. Iku mau kabeh tandha murahing Gusti Kang Maha Kuwasa. Kewajibane sing nampa kanugrahan kudu gelem anglekuri murih lestari. Aguh pratikel kang becik tansah diantu-antu. Piye bisane pring ori mau tumangkar lan ngrembaka. Aja ngati warisan edi peni lan luhur mau sirna tanpa sisa. Bisane lestari yen kabeh gelem medhar gagasan. Pungkasane tuwuh pakaryan kang mimbuhi mekaung kabudayan, tumengkaring kagunan. Sing ngrancang tata paparing karang padesan mau sanyata janma linuwih. Anggone ngrumpaka mawa gagasan kang jero. Rina wengi tansah sumadya ngeningke pikir, ngudhar panemu. Ora baen-baen, para minulya mau temen-temen supaya tinemu, wakasan katekan. Mula wohing gagasan mau banjur mbabar pakaryan kang kebak ing kaendahan.
Semanauga "Pandhawa", iku asal saka linggané tembung "Pandhu" lan Hawa", kang tegese tedhak turune Pandhu. Ing padhalangan, wutané Radèn Dhestharata iku ana pirang -pirang versi. Versi kang sepisan ngandhakaké yèn cacadé Radèn Kuru amarga ibuné, Dewi Ambika, nalika saresmi karo Prabu Kresna Dwipayana tansah ngeremake netrané
PrabuPandhu Dewanata iku ramane para satriya Pandhawa. Tembung ramane tegese padha karo? Dalam pasal 3 UU No. 5 Tahun 1960 menjelaskan tentang? Dalam menghadapi perlawanan sultan Hasanuddin dari Kerajaan Gowa Tallo, Aru Palaka menjalin kerjasama dengan VOC. Faktor penyebab Aru Palaka bersedia bekerjasama dengan VOC adalah?
Yusuf ketika dia berumur 17 tahun, dia menggembalakan kawanan bersama saudara-saudaranya. Dia bersama dengan anak-anak Bilha dan anak-anak Zilpa, para istri ayahnya. Yusuf menyampaikan laporan tentang kejahatan mereka kepada ayahnya. TB: Inilah riwayat keturunan Yakub. Yusuf, tatkala berumur tujuh belas tahun--jadi masih muda--biasa
Ikipara tedhak turune: Putrane pambajeng Rama Ismael yaiku Nebayot, banjur Kedar, Adbeel, Mibsam, 30. Hanokh, Abida lan Eldaa. Iku kabeh padha turune Ibu Ketura. 34. Rama Abraham peputra Rama Iskak. Rama Iskak peputra Rama Esau lan Rama Israel. maca bab lengkap 1 Babad 1. Facebook Twitter Whatsapp Messenger Pinterest ‹ 1 Babad 1:20;
dUIHg. 89l3cqhnx7.pages.dev/32489l3cqhnx7.pages.dev/32989l3cqhnx7.pages.dev/51089l3cqhnx7.pages.dev/36289l3cqhnx7.pages.dev/36589l3cqhnx7.pages.dev/42789l3cqhnx7.pages.dev/2389l3cqhnx7.pages.dev/405
para pandhawa iku tedhak turune